Friday, March 16, 2012

cerkak


Cerita Masa SMA

Tasya, Ranti, lan Kirana iku murid SMA  Nusa Bakti. Bocah telu iku wis kekancan saka SD. Nangging pas jaman SMP bocah telu iku beda sekolah. Ndilalahe pas SMA Tasya, Ranti, lan Kirana iku daftar ing sekolah sing pada yaiku SMA Nusa Bakti. Gek kepeneran maneh Tasya, Ranti, lan Kirana iku isa sak kelas.
Nangging pas munggah kelas sewelas, Tasya, Ranti, lan Kirana iku beda kelas. Tasya mlebu kelas sewelas IPS 5, kancane sing loro, ranti lan Kirana mlebu kelas sewelas IPA 4. Kelase Tasya iku kelebu kelas sing isine bocah-bocah kang nakal utawa begal-begal. Tapi sak tenan ora kabeh bocah-bocah kelas sewelas IPS 5 iku kelakuane ala kabeh, saktenane isih akeh bocah-bocah ing kelakuane becik.
Beda karo Ranti an Kirana sing mlebu kelas sewelas IPA 4, kelas sewelas IPA iku termasuk kelas e ocah-bocah sing anteng-anteng, ora kakean polah, lan lumayan pinter bocah-bocahe. Bisa diibaratke bumi karo langit nek dibandingake karo kelas sewelas IPS 5, sanajan ora kabeh bocah-bocah kelas sewelas IPS 5 iku begal-begal.
Sawise sak semester, perangane Tasya iku rada beda. Saiki Tasya dadi arang dolan bebarengan karo Ranti lan Kinan. Ora mung  ning sekolahan perangane Tasya sing berubah iku, ning omah barang perangane Tasya uga beda. Sakwise kelas sewelas iku Tasya dadi arang ana ning omah lan kerep bali bengi. Sakdurunge bapak lan ibune Tasya ora ngeh nek anake kerep ora ning omah amarga bapak lan ibune Tasya sibuk nyambut gawe. Tasya dikira dolan utawa ngginep ning omahe Ranti utawa omahe Kirana. Banjur ibune Tasya telpon Ranti amarga suwe ora kepethuk karo anake.
“ Sugeng sonten dek Ranti”, ibune Tasya atur salam karo Ranti.
“ Inggih Budhe, sugeng sonten. Wonten menapa nggih?” Ranti mangsuli ibune Tasya.
“ Nggene lho dek Ranti. Tasya iku lagi dolan karo kowe lan Kirana ora?”, pitakone ibune Tasya.
“ Mboten Budhe, wonten menapa nggih?”, pitakone Ranti.
“ Ngene lho dek Ranti, Budhe ro Pakdhe ki wis sewulan ora ketemu karo Tasya. Kowe ngerti dhewe tho nek Budhe karo Pakdhe arang ning omah lan kerep lelungan. Makane kuwi Budhe takon karo kowe.”, wangsulane ibune Tasya. Saka swarane krungu nek ibune Tasya iku bingung lan khawatir karo keadaane anake.
“ Waduh, kula nggih arang ketemu kaliyan Tasya e Budhe sakmenika.” Wangsulane Ranti alon-alon.
“Ooo… Nggih sampun yo dhek, matur nuwun nggih”, sautane ibune Tasya lemes.
“ Nggih Budhe.” wangsulane Ranti.
Sakwise Ranti ditelpon ibune Tasya, ranti banjur nelpon Kirana.
“ Halo, Na.”
“ Ana apa Ran? Kadingaren bengi-bengi ngene telpon, arep takon pr kowe?” kandhane Kirana.
“ Enak wae kowe Na. Q wis nggarap pr yo. Iki mau ibune Tasya bar nelpon aku.”
“ Haah… Ngapa ibune Tasya telpon kowe?”, pitakone Kirana.
“ Jarene ibune Tasya panjenengane sakwulan iki ratau reti Tasya ana ning omah. Maune ibune Tasya nggira Tasya dolan karo awakdhewe.”
“ Kok isa nggono tho?”
“ Aku yo bingung karo sikap e Tasya marang awakdhewe saiki.”
“ Podo aku yo hoo Ran, apa iki ana hubungane karo Dinda lan kanca-kancane sing tak delok saiki kerep dolan karo Tasya?”, wangsulane Kirana.
“ Isa wae kuwi Na. Yo uwis sesuk esuk awakdhewe golek informasi wae.” kandhane Ranti.
“ Aku setuju.”
“ Yo uwis yo, aku arep turu wis bengi.”
“ Yoh, gek turu kono.” kandahane Kirana.
Esuk e ning sekolahan. Pas jam istirahat bocah loro iku marani kelase Tasya. Tekan kelase Tasya jebule Tasya ra ana, jarene kancane Tasya ora mlebu. Nadia, kanca sak kelase Tasya iku kandha yen sewulan iki Tasya jarang mlebu.
“ Nad, Tasya ki saiki dolane karo sopo wae tho? Kok jaremu bocahe kerep ra mlebu sekolah?” pitakonane Kirana.
“ Kae lho Ran, Na Tasya ki saiki dolane karo Dinda lan kanca-kancane. Reti dhewe tho Dinda ro kanca-kancane ki sifate kepriye.” wangsulane Nadia.
“ Nek Dinda ra takon maneh. Senengane kan dolan lan bali bengi apa meneh aming gelem kekancan karo bocah sing anake wong sugih.” jawabe Kirana.
“ Yo uwis yo Nad, aku tak bali ning kelasku uwis arep bel mlebu ki. Matur nuwun yo.” kandha Ranti.
Sakminggu sakwise Ranti lan Kirana ketemu Nadia ing kelase Tasya, Tasya mara ning omahe Ranti karo nangis-nangis. Kepeneran ning omah e Ranti iku nan Kirana lan Nadia. Nadia melu dolan ning omahe Ranti amarga arep njilih komik.
“ Huu…uuu..uuu Ran, Na, Nad kepiye ki aku nggomong marang bapak ibuku?” kandhane Tasya karo nangis.
“ Lha ana apa tho Sya, teka-teko kok lnagsung nangis. Iki dimimik dhisik.” Kirana kandha marang Tasya.
“ Iki lho duit ATMku ludes.” wangsulane Tasya.
“ Lha kok isa ludes Sya?” pitakonane Ranti.
Ora njawab pertanyaane Ranti, Tasya malah ming meneng wae.
“ Apa dienteke karo Dinda sak kancane Sya?” pitakone  Nadia.
Banjur let suwe, Tasya lagi njawab.
“ Hoo. ATMku dienteke Dinda sak kancane. Sakjane aku yo melu ngenteke amarga dhuwit ATMku iku dienggo dolan bareng. Tapi pas wingi Dinda njillih ATMku, aku langsung nyoh wae. Pas mau bali sekolah aku arep njupuk dhuwit dhuwitku wis ludes kabeh.” wangsulane Tasya karo nangis.
“ Oalah, yo uwis Sya. Sing sabar yo.” kandhane Ranti, Kirana lan Nadia bebarengan.
“ Lha terus kowe arep ngomong karo bapak ibumu kapan Sya?” pitakone Ranti.
“ Kuwi sing tak wedeni. Aku wedi disengeni bapak lan ibuku gara-gara iki.” Wangsulane Tasya.
“ Yo uwis yo dakkancani bareng-baren ngomong karo bapak lan ibumu.” kandha Kirana.
Bocah papat iku banjur menyang omahe Tasya. Kepeneran tenan tekan omahe Tasya, bapak lan ibu e Tasya ana ning omah. Banjur do lunguh ana ruang tamu omahe Tasya, nggancani Tasya nggomong karo bapak lan ibune nek ATM e ludes.
“ Pak, bu ATM kula ludes.” kandhane Tasya karo nangis.
“ Lha kok isa entek nduk? Wulan iki wis Bapak transfer tho?”
“ Sampun pak, tapi kula ngentek-entekaken arta menika kangge foya-foya lan kula diapusi kanca kula.” wangsulane Tasya karo nangis.
“ Yo uwis nduk, rapapa. Sing uwis yo uwis. Sing penting kowe sesuk ora tumindak nggono meneh, kowe diparingi ATM karo Bapak lan Ibu supaya kowe bisa mandiri dudu kanggo foya-foya. Iyo tho Pak? kandha Ibune Tasya.
“ Hoo nduk rapapa. Saiki kowe yo ngerti endi kancamu sing tulus kekancan karo kowe.” kandhane Bapakne Tasya.
“ Inggih pak, matur nuwun nggih.” Kandhane Tasya kanti senang amarga ora disengeni kaya bayangane dheweke.
“ Mbak Ranti, Kirana lan Nadia matur nuwun nggih sampun nggancani Tasya.” kandha Bapak e Tasya.
“ Inggih Pakdhe, Budhe mboten menapa-menapa.” Wangsulane bocah telu iku bebarengan.
Sakwise ana kejadian iku. Bocah papat iku dadi tambah cedhak. Sanajan beda kelas, bocah papat iku tetep kerep dolan bareng. Ning kelas sakwie ana kejadian iku, Tasya dimusuhi karo Dinda sakkancane amarga ora gelem dolan maneh karo dheweke. Tapi Tasya isih duwe kanca liya sing gelem kekancan karo dheweke kanthi tulus, yaiku Nadia, Ranti lan Kirana.

0 comments:

Post a Comment